Berita Bahasa Jawa Terbaru Januari 2017

Kisah Pewayangan Bahasa Jawa | Berita Bahasa Jawa | Artikel Bahasa Jawa | Cerita dan Dongeng Berbahasa Jawa

Berita Bahasa Jawa Terbaru Januari 2017

Loading...
Berita bahasa jawa terbaru januari 2016 – Udan es nempuh sakanggonan wilayah Ngayogjakarta, paling utama neng sisih lor. Senajan mengkono fenomena udan es iki isih dianggep normal ngleboni puncak musim udan iki.

Koordinator Stasiun Klimatologi Badan Meteorologi lan Geofisika (BMKG) Jogjakarta Joko Budiono nggamblangna, kedadean mudhune udan es neng  pirang-pirang wilayah panggonan lor Jogja isih kalebu normal. Perkara kuwi ngelingi arep mlebune puncak musim udan.
berita-bahasa-jawa-terbaru-januari-2016

Joko nggamblangna, penyebab udan es amarga anane mendung Cumulonimbus (CB). BMKG merkirakake neng lor nyat ana gumpalan CB sing marakake udan es.
Waos Ugo: Pawarta Kebakaran Alas Ngagem Bahasa Jawa
”Kajaba udan es, mendung kesebut uga ngasilke bledek, kilat, lan angin banter,” turene marang Wartawan, dina Senen 25 Januari.

Joko nggamblangna, wektu iki wis mlebu akhir kapapat. Dheweke mprediksi nganti tengahan Februari bakal dadi puncak musim udan. Perkara kuwi ditandai kanthi tuwuhan mendung sing gedhe. ”Puncake mesti intensitas udan bakal luweh gedhe, curah udan luwih akeh,”  turene.

Perkara fenomena udan es, turene, bisa kedadean nengendi wae. Saben daerah ana peluang mudhune udan es sajrone ana mendung CB. ”Kuwi normal wae, amarga mendung CB puncake wis minus lan kegawe saka es sing sak-wayah-wayah bisa mudhun,” padhange.

Mudhune udan es kedadean amarga kilat lan petir sing bisa nguncalake es. Uga bisa amarga turbulensi utawa pergolakan angin neng jero mendung CB.
Waos Ugo: Kumpulan Pawarta Ndinan Terbaru Banjir Bahasa Jawa 
”Mula nguncalke es neng puncak mendung. Normal wae, bisa nengendi wae tergantung mendunge,” tambahe.

Sabanjure, dheweke paring pengarah dumatheng masyarakat kagem ngantisipasi ngadhepi udan sing kuwat banget, kaya wis karasakne rong (2) dina iki. Miturute, warga butuh waspada angin banter neng daerah sing akeh wit dhuwur. Uga neng wilayah cedhak kali wektu tambahan banyu butuh diwaspadani. Kejaba iku masyarakat ugi kedah njaga kawarasan amerga kajaba udara adhem neng sore dina uga kadang angin panas neng wayah awan.
Advertisement
Share on Facebook
Share on Twitter
Share on Google+

Related : Berita Bahasa Jawa Terbaru Januari 2017